Monggo cak-ning sing seneng parikan
awak dewe iso ngobrol, guyonan, gojlokan lan liyane liwat parikan
contone:
awan-awan kok tuku brambang
onok prawan kok jenenge bambang
golek yuyu ketemu gentong
masio ayu betise gondrong
oleh gentong dikiro nyolong
betise gondrong gegere bolong
sumonggo..............
tuku santen, nang bungurasih
cekap semanten, terimakasih