kula pitadhos menawi boten sedaya priyayi semarang saged ngendikan mawi basa Jawa Kromo Inggil, pramila kula ngaturi panjenengan sedaya, sinten kemawon, ingkang ngersakaken utawi nggadhahi krenteg saged ngendika basa Jawa Kromo Inggil supados sinau sesarengan wonten tret punika...
saged tanglet sedaya punapa kemawon, kadosta ingkang sampun kesupen kromo inggilipun angka-angka saking 1 (setunggal) dumugi sakterasipun...
punapa wonten ukara (kalimat), ingkang dados penggalih panjenengan sedaya, kadosta "turu" ingkang pun gantos ing kromo inggil dados "sare"....
lan sapanunggalanipun...
nuwun sewu, kula nggih ugi taksih sinau...
Kagem PR kemawon kula wiwiti babagan punika kanti nggantos ukara ing ngandhap punika kagem basa jawa kromo inggil....
"aku gek pengin nukokake sate nggo mangan bapak lan ibuku..."
sumonggo....