DetikForum

DetikForum (http://forum.detik.com/index.php)
-   Banyumas (http://forum.detik.com/forumdisplay.php?f=176)
-   -   Wektu Sakrale Wong Banyumas (http://forum.detik.com/showthread.php?t=33704)

ehm 12th April 2008 14:36

Wektu Sakrale Wong Banyumas
 
jerene angger dina setu paing (nek ra kleru), wong banyumas ora olih dolan2 adoh. jerene gemien tau ana adipati sapa kaya kuwe, sial pas lunga2 dina setu. cerita kumplite klalen koh ...
trus ana sing ngomong, angger misale arep bukak usaha. bukake pas dina jumat pon.

apa iya kuwe ? ana liane maning ra ? apa menawa ana hal2 liane sing dadi panthangan kaya kuwe, istilaeh apa ya ... jajal didopokna ng kenelah ... desambi dombe dawete lah, panas banget koh ... :cheers:

INTROVERT 12th April 2008 14:41

Quote:

Originally Posted by ehm (Post 1816366)

njawab dhisit dhewek...........

betul kuwe kang ehm....jere setu paing dina alane wong mbanyumas...ora olih/apik nganakna apa2/lunga2 neng dina setu paing (arep turu bae kayane ora olih)...jere mbok sial....ora lancar.........:smoking:
tapi kuwe mung mitos....percaya nggak percaya terserah anda.......:smoking:

INTROVERT 12th April 2008 14:49

Quote:

Originally Posted by ehm (Post 1816366)
ana liane maning ra ? apa menawa ana hal2 liane sing dadi panthangan kaya kuwe, istilaeh apa ya ... jajal didopokna ng kenelah ... desambi dombe dawete lah, panas banget koh ... :cheers:

nek masalah panthangan nggonku ana kang ehm....neng desaku Toyareka ana kepercayaan nek arep nggolet bojo aja karo wong daerah Wirasaba....jare gemiyen Adipati Wirasaba musuhan karo Demange Toyareka(inyonge kelalen crita lengkape)...Gemiyen ada Kadipaten Wirasaba, ana Kademangan Toyareka....
Lha siki tekan turunane ... ana kepercayaan wong Toyareka/Wirasaba nek nggolet bojo aja sekang daerah Wirasaba/Toyareka...gole umah-umah ora bakal langgeng...jere siiiiiiiiiiieeeeeeeeeeeeee.............:smoking:

ehm 12th April 2008 15:01

Quote:

Originally Posted by INTROVERT (Post 1816412)
njawab dhisit dhewek...........

betul kuwe kang ehm....jere setu paing dina alane wong mbanyumas...ora olih/apik nganakna apa2/lunga2 neng dina setu paing (arep turu bae kayane ora olih)...jere mbok sial....ora lancar.........:smoking:
tapi kuwe mung mitos....percaya nggak percaya terserah anda.......:smoking:

kuwe asal muasale kepriwe sih ? aku wis tau decritani tapi kelalen koh

Quote:

Originally Posted by INTROVERT (Post 1816513)
nek masalah panthangan nggonku ana kang ehm....neng desaku Toyareka ana kepercayaan nek arep nggolet bojo aja karo wong daerah Wirasaba....jare gemiyen Adipati Wirasaba musuhan karo Demange Toyareka(inyonge kelalen crita lengkape)...Gemiyen ada Kadipaten Wirasaba, ana Kademangan Toyareka....
Lha siki tekan turunane ... ana kepercayaan wong Toyareka/Wirasaba nek nggolet bojo aja sekang daerah Wirasaba/Toyareka...gole umah-umah ora bakal langgeng...jere siiiiiiiiiiieeeeeeeeeeeeee.............:smoking:

oo kaya kuwe ... lah wong mome siki ya esih pd percaya kaya kuwe ? apa mung wong2 tua tok sih esih percaya ?

kaiu 12th April 2008 17:25

Quote:

Originally Posted by ehm (Post 1816621)
kuwe asal muasale kepriwe sih ? aku wis tau decritani tapi kelalen koh

Nek ora salah esih ana hubungane karo Adipati Wirasaba juga. Madan kelalen tapi, mengko jajal tak tiliki neng buku banyumas :cheers:

maseko 13th April 2008 08:55

Setu Paing ora malah paling duwur dinane??
miturut Primbon Betaljemur, Setu Paing kae dina sanga sanga alias wolulas ( 18 )
mungkin apese Adipati Wirasaba kae ketemune neng Setu Paing .. ora cocok karo weton laire ...

nek miturut primbon, kudu diitung2 disit wetone dina lair .. nembe ketemu itung2an apes apa dina na'ase...
( halaah dadi mbahas primbon ... )

maseko 13th April 2008 08:59

kiyee tak tambahi laah, sekang Primbon Betaljemur Adammakna ;

DINA ALA
Ora kena kanggo lelungan lan liya liyane;
- Akad paing
- Setu Pon
- Jemuah Wage
- Selasa Kliwon
- Senen Legi
- Kemis Wage

DINA ALA BANGET
- Rebo Legi
- Akad Paing
- Kemis Pon
- Selasa Wage
- Setu Kliwon

tapi yaa janjane ana petungane laah.. nek manut primbon yaa.. kayane ora kena lunga lan liya liyane kabeh yaa?? neng umah bae ngedekem... :devilish:

atobralink 13th April 2008 17:31

nyong melu ngrungokna bae lah... ngudud karo ngopi baen... jan ora ngerti blas...

maseko 13th April 2008 20:58

Quote:

Originally Posted by ato bralink (Post 1824973)
nyong melu ngrungokna bae lah... ngudud karo ngopi baen... jan ora ngerti blas...

sik sik lagi maca primbon Adammakna... nyong nduwe komplit kiyee...

atobralink 14th April 2008 07:23

Quote:

Originally Posted by maseko (Post 1826368)
sik sik lagi maca primbon Adammakna... nyong nduwe komplit kiyee...

ya wis ngeneh lah... nyong tek melu ngrunokena baen... mumpung kopine esih anget kye kang...

All times are GMT +8. The time now is 09:54.

Powered by vBulletin
Copyright © 2000 - 2006, Jelsoft Enterprises Ltd.